Diposting pada : 31 July 2024
Kategori : Event Acara
Penjabat (Pj) Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto sumringah jalaran akeh wong sing teka ing Kota Pendekar. Dampake dhuwit sing muter ing kagiatan malem Minggu kuwi dikira-kira nganti Rp 1 milyar. Kuwi saka limang jam wektu gelaran CFN, wiwit jam 16.00–21.00 lan kaetung saka pirang-pirang sumber. ‘’Yen wong siji ngetokake dhuwit Rp 50 ewu wae, wis ana dhuwit Rp 1 milyar sing muter,’’ kandhane Eddy. Sanajan mengkono Dheweke uga menehi evaluasi palaksanaan CFN sing wis suwe ora dianakake iki. Utamane pedagang sing mbukak lapak ing tengah Jalan Pahlawan. Dheweke njaluk supaya diatur ing pinggir. Eddy ngare-arep CFN bisa digelar meneh mangarep. Jalaran bisa mancing pertumbuhan ekonomi daerah.
Sumber Berita : https://radarmadiun.jawapos.com/warta-jawa/804921473/warta-jawa-puluhan-ewu-warga-ngebaki-jalan-pahlawan-kota-madiun-ing-acara-cfn-piye-dampake