Diposting pada : 22 July 2024
Kategori : Pemerintahan
Kutha Madiun bakal bebas saka kabel pating semrawut ing ndhuwur kang dipentang antarane cagak siji karo liyane. Masalah kabel kuwi bakal ditangani dening PT Fiber Teknologi Nusantara (FTN). Pemerintah Kota Madiun wis napakastani prajanjen karo PT FTN tembayatan pengelolaan sarana jaringan utilitas terpadu (SJUT) ing GCIO, Selasa (9/7). "Iki pambudidayane pemkot kanggo terus jumangkah mawujudake Madiun minangka smart city. Aku ora duwe kepentingan babar pisan. Kepentinganku mung kepentingan Pemerintahan kanggo masyarakat,".
Sumber Berita : Jaya Baya