Diposting pada : 16 July 2024
Kategori : Perekonomian
Alas Ronggo Kuning, Kelurahan Ngegong, Kecamatan Manguharjo, Kota Madiun, katon rame Minggu (14/7). Puluhan lapak jajanan tradisional ngebaki ruang terbuka hijau (RTH) ing sisihe kantor Kelurahan Ngegong iki. Wiwit gethuk, palapendhem, pecel, bothok, nganti maneka jamu sumadya ing Pasar Jadoel kuwi. Pihake pancen kepingin bali menyang swasana jaman biyen liwat jajanan. Karang taruna lan usaha mikro, kecil dan menengah (UMKM) uga dilibatake. Ana 30 UMKM. Pasar Jadoel iki saliyane upaya ngembangake potensi UMKM uga nguri-nguri kaarifan lokal.